1. PIRGO
Penggawean sing cocok: dodhol kotang karo cawet seken.
Keuangan: dedel duwel remuk bakule ndog
Asmara: golek sing rodho genah lan waras.
2. AKUWARIUS
Penggawean sing cocok: dodol pete karo jengkol.
Keuangan: nyilah-nyilih tonggo.
Asmara: Sedelok engkas jomblo,dikepret calon mertuwo.
3. PISKES
Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojek neng pertelon.
Keuangan: Ledeng kabeh, kakehan nogel ora tau tembus.
Asmara: jare morotuwo "aku golek mantu tapi ora koyok raimu".
4. ARIYES
Penggawean sing cocok: angon wedhus,mbecak.
Keuangan: kakehan utang, tombok terus.
Asmara: upgrade-en disik dapuranmu.
5. TAWURUS
Penggawean sing cocok: dadi tukang sapu terminal.
Keuangan: kapusan konco dewe. Njaluk diruwat utowo di rukiah.
Asmara: rak payu-payu, kudu ganti pelet karo menyane.
6. GWEMINI
Penggawean sing cocok: mancing welut, golek bekicot.
Keuangan: ngedoli warisan mertuwo.
Asmara: rak jelas sing di taksir lanang opo wedok.
7. KANSER
Penggawean sing cocok: Macul, angon bebek, golek jangkrik.
Keuangan: sekarat, ngenteni bangkrut wae.
Asmara: rak ono sing gelem, modal cupet dompet ngapret.
8. LEYO
Penggawean sing cocok: dodolan suket karo dodolan daster.
Keuangan : mbrebet koyo bensin campur banyu.
Asmara: ati-ati bakal kepelet bintang film kartun neng Global TV
9. LIBRA
Penggawean sing cocok: ngorek-orek larahan nek gak dadi tukang golek beling.
Keuangan: ora iso golek duwit
Asmara: malem minggu ngidam menek talang ngindik wong adus neng kali
10. SEKORPIO
Penggawean sing cocok: Ngentasi gendheng omah pas udan
Keuangan: podo mlarate, dikuras copet.
Asmara: naksir bojo ne wong anak 8.
11. SAGITARIYUS
Penggawean sing cocok: Ngresiki WC, nek ono wektu nyopet yo rapopo.
Keuangan: bojo muring njaluk bali neng mertuwo.
Asmara: ditempilingi wae karo bojo mu.
12. KAPIKORN
Penggawean sing cocok: Dagang krupuk upil.
Keuangan: atine ndrawasi, waspada tukang panci nagih!
Asmara: hambar, pacar mu njaluk rebonding kelek e ajur mumur.
Komentar
Posting Komentar